KETAHUILAH WAHAI SAUDARAKU SEIMAN SEDARAH DAN SENASIB SEPERJUANGAN MENCARI RIDHO ALLAH, SESUNGGUHNYA MANUSIA TIADA SIA-SIA USAHANYA JIKA DINIATKAN DALAM BEKERJANYA UNTUK MENCARI RIDHO ALLAH DAN BERPRINSIP DENGAN BISMILLAH

Rabu, 31 Oktober 2012

Syi’ir Tanpo Waton (Gus Dur)

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan (Rino wengine tanpo pitungan 2X) Duh bolo konco priyo wanito Ojo mung ngaji syari’at bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco (Tembe burine bakal sangsoro 2X) Akeh kang apal Qur’an Hadise Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe gak digatekke (Yen iseh kotor ati akale 2X) Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare dunyo Iri lan meri sugihe tonggo (Mulo atine peteng lan nisto 2x) Ayo sedulur jo ngalalekake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide (Baguse sangu mulyo matine 2X) Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan sari ngilmune Laku thoriqot lan ma’rifate (Ugo haqiqot manjing rasane 2X) Al- Qur’an qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangan guru waskito (Den tancepake ing njero dhodho 2X) Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan lan ing jerohan Mu’jizat Rosul dadi pedoman (Minongko dalan manjinge iman2X) Kelawan Allah kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadhohi (Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X) Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas-pasan (Kabeh tinaqdir sakeng pengeran 2X) Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podho rukun ojo daksio Iku sunahe rosul kang mulyo (Nabi Muhammad panutan kito 2X) Ayo ngelakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan ashor toto dhohire (Ananging mulyo maqom drajate 2X) Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Allah swargone (Utuh mayite ugo ulese 2X) by: Gusdur

Tidak ada komentar: